Kula Nuwun
23 Apr 2009 2 Komentar

sumilir bayu ing sak perenge wukir lumaku alon
nggawa pawarta kedadean ing empering wengi kang kebak wewadi
hyang pratanggapati jumedul ing sisih wetan
kairing tumetesing embun
ampak-ampak memplak ambyar ing bantala
tan kocapa
jagad kang ginelar kawitan
tirta samudra mawa ombak tumekaning pinggir nusa
wus kasembadan donga
wus kasembadan seja
(sugeng enjing Jawi)
Mei 14, 2009 @ 13:16:15
sugeng enjang, Soero
bangun esuk ngungak jagad
karo ninthingi dhiri pribadi
iki, sing ana sajerining ati
sugeng makarya
Mei 14, 2009 @ 15:02:29
kairing obahing ati kanti rasa
kairing ungeling jiwa kanti karsa
kairing gumregahing raga kanti cipta
anetepi darma wajib ing jroning gesang bebrayan
sumebar ing lumahing bhumi kureping gegana
ngupaya boga
kawitan niat ngabekti marang Kang Maha Welas Asih