Semar Mantu MP3 (Ki Anom Suroto)

semar1Negara Dwarawati katekan sawijining  putri kang sulistya ing warna. Duryudana nedya nuwun  kalian prabu Baladewa nglamar Putri Temon kanggo putrane aran  Lesmana Mandrakumala, nanging ing wektu kang bebarengan Petruk  minangka utusan Semar uga  atur lamaran putrane Semar kang aran Senet.

Putri Temon nyuwun uba rampe Suralaya kaya wektu kramane Arjuna lan  Subadra, uninga pra utusan bali nedya ing panggone dewe-dewe. Semar senajan kere merga pitulungan para Pandawa bisa minangkani panjaluke putri Temon wekasane  Senet, anak Semar, kasembadan sedya nglamar putri Temon.

Nalika pesta krama akeh alangan saka Prabu Tejakusuma sing sakbenere  Bilung, adine Togog, sapa sabenere Senet lan Temon, mangga dipun midangetaken,kairing Paguyuban Karawitan “PARI” pesinden Nyi Tugini lan Nyi Sri Suparmi.

Lampahan Semar Mantu dening dalang Ki Anom Suroto, saged dipun unduh ing ngandap mriki :

Semar_Mantu_01.mp3
Semar_Mantu_02.mp3
Semar_Mantu_03.mp3
Semar_Mantu_04.mp3
Semar_Mantu_05.mp3
Semar_Mantu_06.mp3
Semar_Mantu_07.mp3

ingkang kaping 8 nembe dipun unggah…..

Campur Sari Gunung Kidul MP3

Jenenge wae campur sari yo mesti campuran saka musik tradisional karo modern, ning mesti nyampleng yen dimirengke…….

Wis pokoke jos gandos ngendikane mbah lanang….

Yen gak percaya iso diunduh ing kene, terus diputer….

Nyenengkeeehhh……. Apa maneh suarane Manthous……. Saka Campur Sari Gunung Kidul…….

Gawe kemringet….

Bisa goyang megal-megol…….

Taktung… jreng…jreng….

Taktung… tak… tak.. tung…. jreng…..

01 – Nyidam Sari.mp3
02 – Gugur Gunung.mp3
02 – Gunung Kidul Handayani.mp3
03 – Bengawan Sore.mp3
03 – Jenggleng George.mp3
06 – Rukun Agawe Santoso.mp3
08 – Jineman Uler Kambang.mp3
09 – Kutut Manggung Rukun Agawe Santoso.mp3

Sekar Mulat Sarira sinawung ing Pocung

1. Pra sedulur

dimen sira nora getun

na ing jaman mangkya

marang panggayuh utami

tumprap gesang ana alam bebrayan

 

2. Lamun dalu

saben arsa mapan turu

wektu kang prayoga

mulat mring laku kang uwis

dina mau apa kang wus dipun karya

  Lagi

Gajah Mada Ebook

gajahMadaWus kondang kaloka saindenge Nusantara keprigelane Maha Patih Gajah Mada saka Majapahit. Kanthi Sumpah Palapa nyawijikake Nusantara ing pamrentahan Raja Hayam Wuruk, ing  tahun 1331.

Ing Serat Pararaton kawedar ucaping Sang Patih :

“Lamun huwus kalah nusantara isun amukti palapa, lamun kalah ring gurun, ring seram, tanjungpura, ring haru, pahang, dompo, ring bali, sunda, palembang, tumasik, samana isun amukti palapa”.

Kagem panjenengan ingkang badhe maos sejarahipun Patih Gajah Mada saged unduh Ebook wontening ngandap, dipun klik mawon.

<ebook-Gajahmada1″
<ebook-Gajahmada2″
<ebook-Gajahmada3″

Serat Tripama

Ajaran Prajurit Sejati

 

Dhandhanggula

 

MN_IVYogyanira kang para prajurit

Lamun sira bisa anulada

Duk inguni caritane

Andelira Sang prabu

Sasrabahu ing Maespati

Aran Patih Suwanda

Lelabuhanipun

Kang ginelung tri prakara

Guna kaya purun ingkang den antepi

Nuhoni trah utama

 

Lire lelabuhan tri prakawis

Guna; bisa saniskareng karya

Budi dadya nanggule

Kaya sayektinipun

Duk Bantu prang Magada Nagri

Amboyong putrid dhomas

Katur ratunipun

Purune sampun tetela

Aprang tandhing lan ditya Ngalengka Nagri

Suwanda mati ngrana

Lagi

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.