Serat Tripama

Ajaran Prajurit Sejati

 

Dhandhanggula

 

MN_IVYogyanira kang para prajurit

Lamun sira bisa anulada

Duk inguni caritane

Andelira Sang prabu

Sasrabahu ing Maespati

Aran Patih Suwanda

Lelabuhanipun

Kang ginelung tri prakara

Guna kaya purun ingkang den antepi

Nuhoni trah utama

 

Lire lelabuhan tri prakawis

Guna; bisa saniskareng karya

Budi dadya nanggule

Kaya sayektinipun

Duk Bantu prang Magada Nagri

Amboyong putrid dhomas

Katur ratunipun

Purune sampun tetela

Aprang tandhing lan ditya Ngalengka Nagri

Suwanda mati ngrana

Wonten malih tuladhan prayogi

Satriya gung negari ing Alengka

Sang Kumbokarno arane

Tur iku warna dityasuprandene nggayuh utami

Duk wiwit prang Alengka

Dennya darbe atur

Dasamuka tan keguh ing atur yekti

Dene mungsuh wanara

 

Kumbakarno kinen mengsah jurit

Mring raka sira pan nglenggana

Nglungguhi kasatriyane

Ing tekad datan sujud

Among cipta labuh negari

Lan noleh yayah rena

Myang leluhuripun

Wus mukti aneng Alengka

Mangka arsa rinusak ing bala kapi

Punapi mati ngrana

 

Wonten malih kinarya palupi

Suryaputra Narpati Ngawanggga

Lan Pendawan tur kadange

Lan yayah tunggil ibu

Suwita mring Sang Kurupati

Aning nagri Ngastina

Kinarya gul-agul

Manggala golonganing prang

Bratayuda ingadegken senapati

Ngalaga ing Kurawa

Den mungsuhken kadange pribadi

Aprang tanding lan Sang Dananjaya

Sri Karna suka manahe

De gonira pikantuk

Marga dennya arsa males sih

Ira Sang Duryudana

Marmanta kalangkung

Dennya ngetog kasudiran

Aprang rame Karno mati kajemparing

Sumbaga wiratama

 

Katri mangka sudarsaneng jawi

Pantes sagung kang para pawira

Amirada sakadare

Iung lelabuhanipun

Ajwa kongsi buang palupi

Menawa sibeng nista

Ing estinipunSenadyan sakadhing buda

Tan prabeda budi panduming dumadi

Marsudi ing kotaman

Guna Karya Purun

Sri Mangkunegara IV ing Surakarta ninggal warisan utama kanggo bangsa awujud Serat Tripama. Serat iki mbabar telung prakara tuladha utama kaprajuritan lan warga Negara, kang ngabdi ing urip lan perjuangan ing garise dewe-dewe.

Tokoh kang bisa dituladha yaiku Patih Suwanda, nalika isih timur kaparing asma bambang Sumantri, putra Begawan Suwandagni. Sawise dewasa ngabdi  dateng Prabu Sasrabahu, raja maespati.

Yogyanira kang para prajurit

Lamun sira bisa anulada

Duk inguni caritane

Andelira Sang prabu

Sasrabahu ing Maespati

Aran Patih Suwanda

Lelabuhanipun

Kang ginelung tri prakara

Guna kaya purun ingkang den antepi

Nuhoni trah utama

 

Lire lelabuhan tri prakawis

Guna; bisa saniskareng karya

Budi dadya nanggule

Kaya sayektinipun

Duk Bantu prang Magada Nagri

Amboyong putrid dhomas

Katru ratunipun

Purune sampun tetela

Aprang tandhing lan ditya Ngalengka Nagri

Suwanda mati ngrana

Kurang luwih mengku teges :

seyogyane para prajurit

niru sabisa-bisane

cerita ing jaman biyen

yaiku asta tengen ang Prabu

Sasrabahu ing Maespati

kang aran Patih Suwanda

bandha pengabdiane

ana telung perkara

guna, kaya lan purun sing diugemi

madeg manungsa kang utama

parandene telung perkara iku

guna ; sarwo bisa

netepi gawean kang dituju

kaya ; sakbenere

nalika madeg senopati perang

mungsuh negara Magada

deweke kasil mboyong putri Domas

diaturke marang rajane

purun ; nalika prang tanding raksasa Alengka

suwanda gugur ing palagan

Telung perkara tuladhane Patih Suwanda

  1. Guna ; pinter lan terampil. nalika ngabdi marang bangsa lan negara, Suwanda tansah sikep samubarang ngelmu lan kabisan kanuragan. Ora mung makarya nalikane nampa jejibahan nanging uga ngupaya kasil kang gawe rena penggalih sang Prabu.
  2. Kaya ; kaya, sarwo cukup ing samubarang. Nalika diutus sang Prabu, Patih Suwanda sendika dawuh lan bisa menang perang kanthi raja brana rampasan kang dipun pasrahke marang negara.
  3. Purun ; wani, duweni watak kang satriya dadi pangareping prajurit, ngorbanke jiwa lan raga kanggo negara tanpa pamrih (rame ing gawe sepi ing pamrih)

Bela Negara

Tokoh kang kaping loro yaiku Raden Kumbakarna, sedulur adhi raja Alengka, Prabu Dasamuka. Raden Kumbakarna sawijining raseksa, nanging jiwane ora awon kaya ragane. Rasa tresna marang bangsa negara kagambarake ing tembang :

Wonten malih tuladhan prayogi

Satriya gung negari ing Alengka

Sang Kumbokarno arane

Tur iku warna dityasuprandene nggayuh utami

Duk wiwit prang Alengka

Dennya darbe atur

Dasamuka tan keguh ing atur yekti

Dene mungsuh wanara

 

Kumbakarno kinen mengsah jurit

Mring raka sira pan nglenggana

Nglungguhi kasatriyane

Ing tekad datan sujud

Among cipta labuh negari

Lan noleh yayah rena

Myang leluhuripun

Wus mukti aneng Alengka

Mangka arsa rinusak ing bala kapi

Punapi mati ngrana

Kurang luwih mengku teges :

ana maneh tuladha kang becik

satria agung saka Alengka

Sang Kumbakarna asmane

duweni awak raseksa

nanging duwe gegayuhan luhur

nalika perang Alengka

deweke matur

marang rakane mung bela amprih slamet negara

Dasamuka rumangsa kuwalahan

prang tanding klawan ketek

Kumbakarna kautus maju perang

dene sang raka ora mbalela

deweke madeg satriyatekade ora teluk

(marang angkara Dasamuka)

mung mbelani negara

lan eling bapa biyung

sarta para leluhur

kang ing Alengka awit timur

nedya dirusak prajurit ketek

luwih becik mati perang

Ing kene kababar watak Kumbakarna kang dadi sedulur saka dasamuka lan dadi satriya Alengka. Nalika perang tanding mungsuh bala ketek Kumbakarna ora duwe niat mbela kang Raka Dasamuka. Kumbakarna ora nyarujuki tumindake Dasamuka.

Kumbakarna maju ing palagan mung sedya bela Alengka minangkani Satriya lan warga negara.

Setya Mring Sedya

Adipati Karna putra Dewi Kunthi kaliyan Bathara Surya. Merga iku Karna uga kasebut Suryatmaja, Suryaputra. Sedulur Karna tunggal ibu yaiku Pandhawa. Nalika wus dewasa Karna ngabdi marang Negara Astina.

Wonten malih kinarya palupi

Suryaputra Narpati Ngawanggga

Lan Pendawan tur kadange

Lan yayah tunggil ibu

Suwita mring Sang Kurupati

Aning nagri Ngastina

Kinarya gul-agul

Manggala golonganing prang

Bratayuda ingadegken senapati

Ngalaga ing Kurawa

Den mungsuhken kadange pribadi

Aprang tanding lan Sang Dananjaya

Sri Karna suka manahe

De gonira pikantuk

Marga dennya arsa males sih

Ira Sang Duryudana

Marmanta kalangkung

Dennya ngetog kasudiran

Aprang rame Karno mati kajemparing

Sumbaga wiratama

Kurang luwih mengku teges :

ana maneh kanggo tuladha

Suryaputra Narpati ngawangga

isih sedulur karo Pandhawa

liya bapa siji ibu

ngabdi marang Kurupati

ing negri Astina

dadi agul-aguling praja

panglima prajurit perang

nalika bratayuda dadi senopati

setya marang Kurawa

ngadepi sedulure

perang tanding lawan Sang Dananjaya

Sri Karna suka atine

nemah marga mbales budhi

marang  Sang Duryudana

kanthi mantheping ati

mbabar sedaya kasekten

perang campuh lan tiwas kena panah

perwira utama

Adipati Karna mangerteni yen Para Kurawa tumindak culika lan nalingsir ing paugeran. Ngugemi sedyane marang Kurawa Karna maju perang tanding mung ing raga, parandene ing driya Karna uga ora nyarujugi kang dadi wataking Kurawa.

Serat Tripama dipun pungkasi tembang dhandhanggula :

Katri mangka sudarsaneng jawi

Pantes sagung kang para pawira

Amirada sakadare

Iung lelabuhanipun

Ajwa kongsi buang palupi

Menawa sibeng nista

Ing estinipun

Senadyan sakadhing buda

Tan prabeda budi panduming dumadi

Marsudi ing kotaman

Kurang luwih mengku teges:

telung prakara bisa dadi tuladha wong Jawa

sekalian para prawira

anuladha sabisane

ing jroning pengabdian

aja buang tuladha

nalika tiba ing nista

nista kang sakbenere

senadyan tekad jaman biyen

ora beda budhi para manungsa

marga golek kebeneran.

2 Komentar (+add yours?)

  1. buris rowo
    Mei 09, 2009 @ 18:57:04

    sejatosipun budaya Jawi menika adiluhung, mboten kawon menawi dipun sumandingaken kaliyan budaya manca, nanging emane katah tiang Jawi ingang mboten sami purun uri-uri amprih lestarinipun budaya jawi.

    tuladhanipun :
    ing manca wonten orchestra ing mriki wonten gamelan
    ing manca wonten Nostradamus ing mriki wonten Prabu jaya Baya
    ing manca wonten Napolleon ing mriki wonten Patih Gajah Mada
    ing manca wonten angkor wat ing mriki wonten borobudur
    lan sanesipun, taksih katah menawi kasebat setunggal mbaka setunggal

    Balas

  2. Gareng Cilik
    Jun 05, 2009 @ 09:16:56

    Dumateng kang Soero ingkang sampun kerso nguri2 budaya jawi dipun aturaken matur nuwun sanget,
    kanthi maos meniko, kulo piyambak kususipun, kraos dateng manah..
    bilih kulo tiang jawi, ko saged lali marang asal mulane..
    berjuang terus kang…

    Balas

Berikan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.

%d blogger menyukai ini: