Sekar Mulat Sarira sinawung ing Pocung
10 Mei 2009 Tinggalkan sebuah Komentar
in Macapat
1. Pra sedulur
dimen sira nora getun
na ing jaman mangkya
marang panggayuh utami
tumprap gesang ana alam bebrayan
2. Lamun dalu
saben arsa mapan turu
wektu kang prayoga
mulat mring laku kang uwis
dina mau apa kang wus dipun karya
3. Laku kleru
becik tansah sira dulu
nggo kaca benggala
pepeling karya ing mbenjing
kagladia pakulinan kang prayoga
4. Lah uripmu
ora cukup sambat sebut
lan ngucap nggresula
wit iku dosa sayekti
sambat sebut iku ceta wong cilaka
5. Ora kleru
marang urip mubra-mubru
ngawula ing bandha
nganti lali mring agami
mangka iku ugering manungsa
6. Sintenipun
lamun datan nate emut
mring atur punika
tangeh bias gesang becik
tansah nglambrang galih datan nate waras
Sekar punika trep kaliyan jaman, menawi dipun penggalih minangka nggayuh penggayuh kang utami kita sedaya kedah tansah mulat salira. Sedinten-dinten gesang bebrayan ing pasrawungan katah tumindak ingkang nalingsir saking cak-caking paugeran agami twin negari. Mboten maiben, ingkang sakmangke dipun wastani informasi/warta kadose mboten tepang tapel wates wekdal lan papan.
Kawontenan ing donya punika namung wonten kalih cacahipun, rina dalu, surya candra, gegana bantala. Ing babagan bandha donya inggih makaten, wonten ingkang gesangipun saged diwastani senin kemis lan wonten ingkang gadah samubarang ingkang dipun kersakaken. Punika sedaya kedah dipun syukuri.
Wasana pungkasan sekar sok sinten kemawon ingkang mboten saged syukur lan manembah kaliyan ingkang damel gesang satemah mboten bade ayem temtrem gesangipun.
sangkan paran