Penanggalan Jawa

Petung  pranatan taun Jawa

Mula mulanira, petungan taun kanggu wong Jawa nganti tumapaking taun Saka 1554 utawa 1633 M nggunakake petungan Syamsiyah, yaiku petungan mangsa panangggalan kang migunakake pathokan lakuning bumi ngubengi srengenge.

Ngancik taun anyar Saka 1555, dening panjenengan Sinuwun Sultan Agung petungan petungan pranatan pananggalan kaowahi migunakake pranatan Komariyah, yaiku adhedhasar mangsa lakuning rembulan ngubengi bumi.

Kelakone petungan pananggalan Jawa mau kawiwitan ing jaman Sinuwun Sultan Agung ngasta pusaraning praja (1613-1645) katemtokake minangka wiwitan pananggalan Jawa ing taun Saka 1555 minangka tahun sepisanan kawiwitan taun Alip. Dene sasine kawiwitan sasi Sura.


Nalika kuwi ngepasi dina Jemuah pasarane Legi. Kedadeyan mau katelah Ajugi, yaiku taun Alip dina Jemuah Legi, utawa Hijriyah 1043 sasi Muharam. Lumakuning mangsa kanthi pranatan pananggalan Komariyah njalari anane geseh sedina antarane taun Jawa lan taun Hijriyah.

Bab mau awit ing petungan pananggalan Jawa sewindu ana taun Wuntu (kabisat) kaping telu, yaiku manggon ing taun Ehe, Dal lan Jimakir. Dene ing pananggalan Hijriyah ing sajroning 30 taun ana 11 taun kabisat, ndadekake ing sajroning 120 taun ing tahun Hijriyah ana 44 taun kabisat, lan ing taun Jawa nduweni taun Wuntu kaping 45.

Petungan mau njalari taun Jawa beda sedina, bab iku njalari kelakone pengetan-pengetan adhedhasar taun Jawa lan Hijriyah kayata wektu mengeti Grebeg Mulud lan Maulud Nabi, utawa Grebeg Besar lan dina Ariaya Kurban, ana geseh sedina. Ananging gesehing sedina mau bakal bali padha ngancik taun ngarepe yaiku 1 Sura lan 1 Muharam, awit sasi Dulhijah nduweni umur 30 dina dene sasi Besar umure mung 29 dina.

Mapag tanggal 1 Sura, kaya padatan wong Jawa kang apunjer Karaton Surakarta ngadani ritual-ritual kang wus gumathok kawiwitan ing sasi Besar. Kaya padatan Sinuhun Pakubuwana ing hajad dalem nindakake jamasan pusaka, kalebu pusaka tinggalane Kangjeng Sunan Kalijaga ing Kadilangu.

Karaton bakal ngirimake ubarampe arupa abon-abon wujud lenga klapa ijo, sekar awur-awur, sandhangan sakpangadeg kanggo sesepuh ing Kadilangu, lenga cendanasari, lenga kenanga, lenga sepuh, ratus lan liya-liyane.

Methuk pletheking surya kapisan ing sasi Sura, hajad dalem Sinuwun Pakubuwana ing Karaton Surakarta Hadiningrat ngadani upacara-upacara, yaiku kirab pusaka dalem. Ing acara iku kelakone ing malem 1 Sura. Kirabing pusaka kawiwitan tumapake cucuk lampah yaiku pusaka dalem Kyai Slamet, pusaka wujud kebo bule.

Nut crita legenda ing uni, asale saka atur pisungsung Kangjeng Bupati Ponorogo. Tradhisi kirab pusaka mau kaadani wiwt Jumeneng Dalem Sinuwun Pakubuwana X kang nalika iku ngadhepi mangsa kalabendu wiwit Jumeneng Dalem Sinuwun Pakubuwana VII nganti Pakubuwana IX kahanan Karaton kang mosak-masik linggar saka katentreman.

Ing wektu iku Sinuwun ngersakake kirab pusaka-pusaka dalem kanthi pangajab mudhune berkah, nyumpet lelakon kang kasandhang Karaton sak kawulane amrih enggale luwar. Semono uga, pangajab kirab saben taun anyar uga nduweni pangajab, panyuwunan, marang Gusti Kang Akarya Jagad muga-muga negara enggal luwar saka kahanan kang tansah ora nyenengake.

:Ki KRMHT Djoko Pandjihamidjoyo, pamerdi budaya Jawa::

Petungan sing kamot ing taun utawa kalender Jawa

Pancawara (pasaran): petungan dina ing ubengan

limang dina.

1. Kliwon / Kasih 4. Pon / Palguna

2. Legi / Manis 5. Wage / Kresna / Langking.

3. Pahing / Jenar

Sadwara (paringkelan): petungan ing ubengan nenem dina.

1. Tungle / Godhong 4. Paningron / Mina / Iwak

2. Aryang / Manungsa 5. Uwas / Peksi / Manuk

3. Wurukung / Kewan 6. Mawulu / Taru / Winih

Saptawara (padinan): petungan dina ing ubengan

pitung dina.

1. Minggu / Radite 5. Kemis / Respati

2. Senen / Soma 6. Jemuwah / Sukra

3. Selasa / Anggara 7. Setu / Tumpak / Saniscara

4. Rebo / Budha

Hastawara (padewan): petungan ing ubengan wolung dina.

1. Sri 3. Guru 5. Rudra 7. Kala

2. Indra 4. Yama 6. Brahma 8. Uma

Sangawara (padangon): petungan ing ubengan

sangang dina.

1. Dangu / Watu 6. Wogan / Uler

2. Jagur / Macan 7. Tulus / Banyu

3. Gigis / Bumi 8. Wurung / Geni

4. Kerangan / Srengenge 9. Dadi / Kayu

5. Nohan / Rembulan

Wuku: petungan ing ubengan minggon saka 30 wuku, yaiku:

1. Sinta 16. Pahang

2. Landhep 17. Kuruwelut

3. Wukir 18. Marakeh

4. Kurantil 19. Tambir

5. Tolu 20. Medhangkungan

6. Gumbreg 21. Maktal

7. Warigalit 22. Wuye

8. Warigagung 23. Manahil

9. Julungwangi 24. Prangbakat

10. Sungsang 25. Bala

11. Galungan 26. Wugu

12. Kuningan 27. Wayang

13. Langkir 28. Kulawu

14. Mandhasiya 29. Dhukut

15. Julungpujud 30. Watugunung

Sasi Jawa, ana 12:

1. Sura 7. Rejeb

2. Sapar 8. Ruwah

3. Mulud 9. Poso

4. Bakdomulud 10. Sawal

5. Jumadilawal 11. Dulkangidah

6. Jumadilakhir 12. Besar

Tahun Jawa, ana wolu:

1. Alip 3. Jimawal 5. Dal 7. Wawu

2. Ehe 4. Je 6. Be 8. Jimakir

Windu, umure wolung taun:

1. Adi / Linuwih 3. Sengara / Panjir

2. Kuntara 4. Sancaya / Sarawungan

Lambang, umure wolung taun, ana loro cacahe:

1. Lambang Langkir 2. Lambang Kulawu.

Kurup, umure 15 windu utawa 120 taun, ana pitung

kurup miturut tanggal 1 Sura taun Alip.

1. Senen / Isananiyah 5. Jemuwah / Jamngiyah

2. Selasa / Salasiyah 6. Setu / Sabtiyah

3. Rebo / Arbangiyah 7. Akad / Akdiyah

4. Kemis / kamsiyah

Mangsa, ana 12:

1. Kasa / Kartika 7. Kapitu / Palguna

2. Karo / Pusa 8. Kawolu / Wisaka

3. Katiga / Manggasri 9. Kasanga / Jita

4. Kapat / Setra 10. kasepuluh / Srawana

5. Kalima / Manggala 11. kasewelas / Sadha

6. Kanem / Maya 12. Karolas / Asuji

Kapethik saka maneka sumber.

Pananggalan Jawa kuwi ilmiah

Yen mirid saka peradaban kuna Jawa kaya sing kamot ing kapustakan Jawa, adoh sadurunge wong Jawa ngecakake tanggalan Jawa wus ana petungan merang wektu ing saben dina.

Perangan wektu sacara tradhisional kuwi urut saka surup/magrib, srengenge angslup, isak, ngarepake wengi, tengah wengi, lingsir wengi, jago kluruk, subuh, saput siti, esuk-esuk, plethek srengenge, wisan gawe, tengah awan/luhur, lingsir kulon, asar lan banjur bali surup.

Miturut Setyo Dwi Herwanto, mahasiswa pascasarjana Kajian Budaya ing Fakultas Sastra lan Seni Rupa (FSSR) UNS, kang duwe kawigaten mligi marang pananggalan Jawa, nalika wawangunem kalawan Espos, ing Balai Soedjatmoko Solo, dina Setu (12/12), yen ditliti perangan wektu sacara tradhisional kuwi genah lelandhesan petung kang memet, nanging ilmiah.

Nalika digandhengake kalawan petungan tanggalan Jawa racikane Sultan Agung, kanyata uga ora geseh. Kepara bisa nggenepi ing antarane siji lan sijine. Lan miturut Setyo, petungan tanggalan Jawa kuwi salaras banget kalawan urip padinane manungsa, dadi asipat ilmiah. Kepara uga ngandhut werden lamun wong Jawa kuwi wiwit jaman biyen wus ngugemi sipat antisipatif utawa jaga-jaga tumrap kedadeyan ala kang bakal dumadi.

”Tuladha sing gampang dhewe bisa kapirid saka petungan pawukon sing lelandhesan petungan tanggalan Jawa. Ing pawukon kuwi ana andharan babagan nasibe manungsa lamun nindakake sawijining pakaryan ing titi wanci tinamtu. Ora mung kuwi, pawukon uga ngamot panjangka kepriye mungguh nasibe bocah sing lair ing tanggal iki, dina iki, wanci iki lan sapiturute,” pratelane Setyo.

Tumrap wong sing ora ngerti, pawukon kuwi dianggep mistik, ora tinemu nalar. Kamangka miturut Setyo, lelandhesan pengalaman sasuwene iki nggatekake pananggalan Jawa, petung mangkono mau ngamot werden kang asipat antisipatif. Tebane asipat becik tumrap urip lan panguripan.

Lire, kanthi petung pawukon wong tuwa bisa nyedhiyakake ubarampe kanggo nggegulang anak murih ing dewasane ora nemahi nasib ala kaya sing dipetung dening pawukon. Miturut Setyo, iki nuduhake lamun wong Jawa mono, ing jaman biyen nalika teknologi durung maju, jan-jane wus kuwawa njangka ngelmu kang asipat ngluwihi jamane. Hamung basane pancen dijumbuhake budayane wong Jawa sing sarwa nggunakake pralambang lan sanepan, jumbuh kahanan alam sakiwa tengene.

Dene miturut Marsono saka Fakultas Ilmu Budaya Universitas Gadjah Mada lumantar andharan tinulise sing ngrembug pananggalan Jawa lan kaimpun ing bendhel makalah Kongres Kebudayaan Jawa 2008, yen nliti pananggalan Jawa cetha nuduhake lamun wong Jawa wus duwe pangerten babagan sistem astronomi, sakorane wiwit abad kapisan Masehi.

Sistem pananggalan Jawa sing lumaku saiki mujudake terusane sistem taun Jawa Sultan Agung jaman Mataram. Iki mujudake asil petungan saperangan sistem taun Saka lan Hijriyah. Lan saka pananggalan Jawa kuwi ana dudutan menawa wong Jawa wus duwe olah pikir kang ilmiah.

Taun Jawa nyawijekake maneka budaya

Miturut andharan ing buku Babad Tanah Jawa, wiwit jaman purbakala, jaman ja majuja, wong Jawa wus duwe kabudayan asli kang ing kono ngamot kawruh palintangan. Ngelmu iki dicakake dening bebrayan agung Jawa ing titi wanci kuwi kanggo landhesan laku tetanen, nenandur, lan misaya iwak.

Ngelmu kuwi sabanjure kaimpun ing primbon Jawa sing ngamot kawruh babagan pawukon, pranatamangsa lan sapiturute.

Kira-kita ing abad kapisan Masehi, wewengkon papan urip lan dununge wong Jawa kadayan dening perbawane bangsa Hindu saka India. Perbawane budaya Hindu iki banjur ngracik kabudayan anyar bebarengan kalawan budaya asline wong Jawa.

Wiwit abad kawolu Masehi, ing Jawa wus madeg krajan Hindu-Jawa sing ngecakake petungan wektu lelandhesan kabudayan Jawa asli sing kajumbuhake kabudayan Hindu lan budaya anyar liyane. Petungan wektu ing titi wanci kuwi nggunakake angka taun Saka, jalaran kaperbawan budaya Hindu.

Perbawane budaya Hindu sing maabad-abad ing tanah Jawa banjur ngadhepi perbawane budaya Islam. Perbawane Islam sansaya kukuh kang wusana bebrayan agung Jawa ngecakake petungan tanggalan Arab utawa taun Hijriyah wiwit abad kaping 16 Masehi. Nanging saperangan bebrayan agung Jawa tetep ngecakake petungan taun Saka.

Petungan taun Hijriyah dicakake jalaran krajan Islam ing Jawa nalika kuwi kudu njumbuhake petungan pengetan dina-dina ariaya ing agama Islam. Pengetan dina ariaya Islam tansah dadi pengetan wujud pahargyan gedhen-gedhenan ing krajan Islam-Jawa. Sabanjure, nalika krajan Islam-Jawa (Mataram Islam) dikuwasani dening Sultan Agung Hanyakrakusuma, ana upaya ngracik lan ngecakakake petungan taun Jawa.

Petungan taun Jawa sing diracik dening Sultan Agung kuwi asipat ngleluri kabudayan asli Jawa rupa pawukon, pranatamangsa lan sabangsane sing pancen diprelokake dening wong Jawa lan isih lestari nganti titi wanci pungkasan iki.

Miturut GPH Dipokusumo, putra dalem Sinuwun Pakubuwana XII kang uga pamerdi budaya Jawa, nalika wawangunem kalawan Espos ing Balai Soedjatmoko Solo, dina Setu (12/12), tanggalan Jawa uga kasil nyalarasake kabudayan Jawa lan kabudayan Arab (Islam).

”Sistem pananggalan taun Jawa kang memper kalawan pananggalan Islam, yakuwi Komariyah, nggampangake wong Islam ing Jawa kanggo nglakoni ibadah sing gegayutan kalawan dina suci lan ariaya,” piterange Dipokusumo.

Kanthi mangkono pananggalan taun Jawa kasil nyawijekake telung golongan utama bebrayan agung Jawa, yakuwi golongan wong Jawa kuna (asli), golongan wong Jawa sing kaperbawan budaya Hindu lan golongan wong Jawa sing ngrasuk utawa kaperbawan agama Islam.

Petungan taun Jawa, miturut Dipokusumo, uga asipat nyawiji kalawan kahanan alam papan dununge wong Jawa. Iki bisa katitik saka petungan memet ing pananggalan Jawa kang ana gayutane kalawan kabutuhan urip padinan sing kamot ing pranata mangsa, pawukon lan sapiturute.

Kayadene petungan pranatamangsa sing genah lelandhesan petungan pananggalan Jawa racikane Sultan Agung, nganti titi wanci iki jan-jane tetep cocog kalawan kahanan alam.

”Hamung emane, petungan kang jan-jane tinemu nalar banget kuwi, suwening suwe dianggep ora ilmiah, kepara ana sing nganggep mung mistik. Kamangka yen ditliti kanthi temen-temen, kabeh petungan lelandhesan pananggalan Jawa kang ana gayutane kalawan urip padinane kuwi temen-temen lelandhesan kasunyatan kang wus dipetung sasuwene maabad-abad,” piterange Dipokusumo.

Kepara, miturut Ki Demang Sokowaten, pamerdi lan sutresna budaya Jawa sing ngemonah sawijining situs sing mligi mbabar lan ndhudhah kaskayane budaya Jawa, lumantar andharan tinulise, sistem pananggalan Jawa kuwi luwih pepak lan komprehensif yen katandhingake sistem pananggalan liyane.

Pepak lan komprehensif-e kuwi mbuktekake lamun wong Jawa pancen tliti lan titis temen-temen nalika mandeng lan mindeng kahanan lan perbawane alam semesta lan planet bumi sasisine, kalebu perbawane kabeh kuwi mau tumrap alam semesta lan bumi saisine. Lan kang ora bisa diselaki uga perbawane tumrap pranatan uripe manungsa. Tanggalan Jawa pancen onja temen-temen lan kuwawa nyrambah sakehing budaya. ::Ichwan Prasetyo::

Kapetik : Jagad Jawa SOLOPOS

About these ads

1 Komentar (+add yours?)

  1. Makmur
    Jul 29, 2010 @ 08:26:20

    Mas Soero, kebiasaan ndadekake Gerebeg Mulud iku tiba dina Senin Pon apa wis diwiwiti dening Sinuhun Sultan Agung. Sabab ing Kurup Alip Jemuah Legi, tahun Alip 354 dina, Ehe 354 dina, Jimawal 354 dina lan Je 354 dina, Suro 30 dina, sapar 29 dina, Mulud 12 dina gunggunge = 1487 dina. Dadi yen tanggal 12 Mulud tiba Senin Pon. Gerebeg Mulud tiba dina Jemuah Pahing ?

    Balas

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.

%d bloggers like this: