Misteri Candhi Cetha
10 Apr 2009 Tinggalkan sebuah Komentar
Kompleks Candhi Cetha mapan ing perenge gunung Lawu mlebu tlatah kabupaten Karanganyar Jawa Tengah, dhuwure udakara 1.485 meter sandhuwure banyu segara. Trepe dumunung ing dhukuh Cetha kelurahan Gumeng kecamatan Jenawi.
Yen sinawang saka kadohan, pranyata Candi Cetha luwih endah tininbang Candhi Sukuh. Suhu udharane adem, kadhangkala lagi ngancik jam 14.00 WIB wis kesaput pedhut lan binarengan udan grimis.
Manut panaliten, anane Candhi Cetha sapisane nate dilaporake dening Van der Willes taun 1842. Wektu iku kahanan isih mosak-masik, saengga kudu digoleki juntrunge supaya katatamanut asline. Emane durung bisa ditemokake tataran lan tatanan sing jumbuh karo keasliane. Senajan mengkono candhi kuna mau entuk kawigatene para pakr purbakala, kayata WF Stuterhein, KC Crucq, NJ Krom, AJ Bernet Kempers, lan Riboet Darmosutopo. Kabeh ahli mau bisa entuk wahana kunci kanggo mbukak tabir watu-watu kuna kasebut.
sangkan paran