Serat Tripama
09 Mei 2009 2 Komentar
in kitab jawa
Ajaran Prajurit Sejati
Dhandhanggula
Yogyanira kang para prajurit
Lamun sira bisa anulada
Duk inguni caritane
Andelira Sang prabu
Sasrabahu ing Maespati
Aran Patih Suwanda
Lelabuhanipun
Kang ginelung tri prakara
Guna kaya purun ingkang den antepi
Nuhoni trah utama
Lire lelabuhan tri prakawis
Guna; bisa saniskareng karya
Budi dadya nanggule
Kaya sayektinipun
Duk Bantu prang Magada Nagri
Amboyong putrid dhomas
Katur ratunipun
Purune sampun tetela
Aprang tandhing lan ditya Ngalengka Nagri
Suwanda mati ngrana
Wedaran Kitab Bataljemur Adammakna
25 Apr 2009 1 Komentar
in kitab jawa
Neptu Dina lan Pasaran Miturut Pitungan Jawa
Wiwit jaman kuna para leluhur kita wus nate nilari ilmu, kang disusun anaing Betaljemur Adammakna. Salah sawijine ilmu mau yaiku petungan neptu dina Kitab lan pasaran. Kagone wong Jawa neptu dina lan pasaran iku duweni wigati kang gede. Ora mung sadremo kango mengerteni jumlahe pitungan neptu, uga saka neptu iku wong Jawa bisa mengerteni sifate, rejekine, apse, lan liya-liyane.
sangkan paran