Prabu Jarasandha
17 Apr 2009 Tinggalkan sebuah Komentar
in pedalangan, wayang
Prabu Jarasandha sawijining ratu apengawak prabata apaes diyu. Negarane Magada utawa Mangada, dene kutha rajane aran Giribajra. Sang prabu ndarbeni kasekten ngluwihi sesamaning ratu, mula akeh raja telukan kang manungkul sarana aris. Ewadene uga ana kang ginebang ing paprangan, mulane banjur thukul kang hambeg adigang adigung adiguna.
Kacarita, Negara Magada iku uga sawijining nagara kang gedhe dhasar loh jinawi kineringan sesamaning ratu liyan praja. Ingkang angrenggani jejuluk Prabu Wredatrata. Sang nata bagus rupane tur becik pambegane. Jembar bebudebe lir samodra, wicaksana gedhe panguwasane prasasat Bathara Indra sarta suguh bandha bandhu kaya Bathara Kuwera. Sang nata kagungan garwa prameswari loro kang ayu-ayu rupane.
Bedhahe Lokapala
10 Apr 2009 3 Komentar
Wus kasembadan ing sedya Prabu dasamuka anggone mangungkih aji linuwih saka Resi Subali. Sang Yaksendra wus winejang Aji Pancasona wreksakaning bumi. Putusing pamejang Prabu Rahwana andarbeni kasekten kalis ing pati. Sanadyan tumekaning pati sedina kaping sewu paribasane, kalamun angga isih sinangga bantala sayekti bisa waluya maneh. Kang mangkono sansaya harda watak angkara murkane Sang prabu Rahwana, sasat jagad nedya kinelun dadiya darbeke. Akeh nagara kang bedhah ginepuk dening Prabu Rahwana lang manungkul dadi jajahane Ngalengkadiraja.
Puluhan nagara wus teluk ginepuk dadi gedibale Prabu Rahwana, parandene durung marem ing driya. Sansaya makantar-kantar ubaling angkara murka, sumongahin watak mberung hambeg digung, nedya mbedah Suralaya kahyangane Bathara Endra.
Prabu Belgeduwel Beh
10 Apr 2009 Tinggalkan sebuah Komentar
in pedalangan, wayang

Jejuluke Prabu Belgeduwel Beh, ya Narpati Thong Thong Sot, ya peparab Adipati Thok Kethitok Jenggelng. Lah ya wong dhagelan dadi ratu, ya mbanyol ning sekti mandra guna. Sang prabu sejatine sawijining wulucumbu Madukara ingkang kebeneran lagi winongwong jawata, dadi saciptane ketekan. Jalaran deweke kanggonan jimat “Jamus Kalimasada”, jimat Kraton Ngindraprasta ya pusakane nagara Ngamarta. Denen nganti digawa si Petruk kuwi sedyan mung kanggo nganteb tekade para bendara momongane . Jalaran sawise direbut saka tanganing mungsuh bendarane banjur lali kwajibane.
Bathara Wisnu
09 Apr 2009 2 Komentar
in pedalangan, wayang

Bathara Wisnu putrane Bathara Guru kang wuragil. Makahyangan ing Uttarasagara. Bathara Wisnu uga jejuluk Bathara Suman, Bathara Kesawa, Bathara Kalasakti lan Bathara Purusottawa. Kahyangan kasinungan petamanan Sriwedhari. Ya taman iku kang dipiter dening Sukrasana menyang Negara Maespati saka panjaluke Bambang Sumantri. Marga bisa ngelih Taman Sriwedari menyang Maespati pasuwitane Sumantri marang Prabu Harjunasasrabahu ditampa maneh, sadurunge Bambang Sumantri tinundhung lunga dening Prabu Harjunasasrabahu jalaran dianggep wani nantang panguwasane.
sangkan paran