Bedhahe Lokapala

dasamukaWus kasembadan ing sedya Prabu dasamuka anggone mangungkih aji linuwih saka Resi Subali. Sang Yaksendra wus winejang Aji Pancasona wreksakaning bumi. Putusing pamejang Prabu Rahwana andarbeni kasekten kalis ing pati. Sanadyan tumekaning pati sedina kaping sewu paribasane, kalamun angga isih sinangga bantala sayekti bisa waluya maneh. Kang mangkono sansaya harda watak angkara murkane Sang prabu Rahwana, sasat jagad nedya kinelun dadiya darbeke. Akeh nagara kang bedhah ginepuk dening Prabu Rahwana lang manungkul dadi jajahane Ngalengkadiraja.

Puluhan nagara wus teluk ginepuk dadi gedibale Prabu Rahwana, parandene durung marem ing driya. Sansaya makantar-kantar ubaling angkara murka, sumongahin watak mberung hambeg digung, nedya mbedah Suralaya kahyangane Bathara Endra.

Lagi

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.