Prabu Jarasandha

jarasandhaPrabu Jarasandha sawijining ratu apengawak prabata apaes diyu. Negarane Magada utawa Mangada, dene kutha rajane aran Giribajra. Sang prabu ndarbeni kasekten ngluwihi sesamaning ratu, mula akeh raja telukan kang manungkul sarana aris. Ewadene uga ana kang ginebang ing paprangan, mulane banjur thukul kang hambeg adigang adigung adiguna.

Kacarita, Negara Magada iku uga sawijining nagara kang gedhe dhasar loh jinawi kineringan sesamaning ratu liyan praja. Ingkang angrenggani jejuluk Prabu Wredatrata. Sang nata bagus rupane tur becik pambegane. Jembar bebudebe lir samodra, wicaksana gedhe panguwasane prasasat Bathara Indra sarta suguh bandha bandhu kaya Bathara Kuwera. Sang nata kagungan garwa prameswari loro kang ayu-ayu rupane.

Lagi

Prabu Belgeduwel Beh

petruk_ratu_

Jejuluke Prabu Belgeduwel Beh, ya Narpati Thong Thong Sot, ya peparab Adipati Thok Kethitok Jenggelng. Lah ya wong dhagelan dadi ratu, ya mbanyol ning sekti mandra guna. Sang prabu sejatine sawijining wulucumbu Madukara ingkang kebeneran lagi winongwong jawata, dadi saciptane ketekan. Jalaran deweke kanggonan jimat “Jamus Kalimasada”, jimat Kraton Ngindraprasta ya pusakane nagara Ngamarta. Denen nganti digawa si Petruk kuwi sedyan mung kanggo nganteb tekade para bendara momongane . Jalaran sawise direbut saka tanganing mungsuh bendarane banjur lali kwajibane.

Lagi

Bathara Wisnu

wisnu

Bathara Wisnu putrane Bathara Guru kang wuragil. Makahyangan ing Uttarasagara. Bathara Wisnu uga jejuluk Bathara Suman, Bathara Kesawa, Bathara Kalasakti lan Bathara Purusottawa. Kahyangan kasinungan petamanan Sriwedhari. Ya taman iku kang dipiter dening Sukrasana menyang Negara Maespati saka panjaluke Bambang Sumantri. Marga bisa ngelih Taman Sriwedari menyang Maespati pasuwitane Sumantri marang Prabu Harjunasasrabahu ditampa maneh, sadurunge Bambang Sumantri tinundhung lunga dening Prabu Harjunasasrabahu jalaran dianggep wani nantang panguwasane.

Lagi

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.