para tamu
Ngaturaken sugeng rawuh wonten Candiala Gunung Kendeng dumateng para pamiarsa, kula wonten mriki nyobi nderek nguri-uri kabudayan Jawi ingkang sampun dipun tebihi dening taruna muda Jawi piyambak. Menawi wonten seratan ingkang mboten mrenani ing penggalih, kula ngaturaken nyuwun gunge samudra pangaksami.
Dumateng Mas Sumanto wonten ing sabrang, Mbak Ziza wonten ing Malang, menawi wonten wekdal kula aturi pinarak. Salam saking Soero. Ampun kesupen sami nilar seratan, artikel lan sanesipun. Ingkang badhe nderek nyumbang seratan saged dipun email : weenanto@gmail.com.
Mugi sih kamirahaning Gusti tansah lumeber dumateng kita sedaya, rahayu nir rubeda kalis nir sambikala. Maturnuwun……
Apr 29, 2009 @ 12:25:20
Alus..lan lembut ..tumetesing toyo..mili nguripi
kahanan kang wus badhe musno…….
Mugi angsale uri-uri budaya bongso enggal karahayon
dening Gusti kang Murbeing Dumadi….
Sluman Slumun Slamet….wekasane ketok tular meniko
dadio sarana lestarine budoyo bongso…
salam budoyo
Mei 02, 2009 @ 20:47:46
terimakasih,banyak manfaat yang bisa ndiambil dari blog panjenengan…maturnuwun
Mei 09, 2009 @ 17:36:20
maturnuwun ugi, panjenengan sampun nyerat wonten ing mriki, mugi ing tembe budaya Jawi mboten kecalan oboripun.
Jun 12, 2009 @ 14:50:43
ingngarso sungtulodho, ingmadyo mangunkarso, tutwuri handayani.
indonesia gemah ripah lohjinawi
Jun 17, 2009 @ 13:48:27
lha punika ingkang sampun dados wigathi…..
menawi kula angsal ngleresaken, ingkang makaten sampun mboten trep kalih jaman (ature akatah)?????
kados pundi menawi makaten…?
ing ngarsa ngumbar angkara
ing madya numpuk bandha
tut wuri anjegali
becik ketampik ala ketampa…..
trep kalih jaman kang kawastan jaman edan…….
wakakak..kak….kak…
hachii……
Jun 19, 2009 @ 12:55:31
kang Soero… hehehheheh..
saged mawon anggone nggojeg..
tapi emang jaman saniki kados niku nggih pripun malih, nek mboten tumut edan, mboten keduman
Jun 29, 2009 @ 13:14:21
siipppp……
ning ampun kesupen menika namung guyon……
he..he…. hee…
Agu 03, 2009 @ 19:13:24
Derek tepang Kang Mas
Agu 05, 2009 @ 19:18:50
sugeng tepang kalih kula….
dipun sekecakaken anggenipun pinarak
Sep 07, 2009 @ 22:14:46
Nderek tepang kagem Mas Admin. Menwai wonten wekdal, kasuwun pinarak ing gubug kula http://apdnsemarang.wordpress.com/
Matur nuwun
Okt 04, 2010 @ 08:49:27
asl…
nderenepanaken, kulo saking tlatah ngayojokarta
kulo nderek remen wontenipun blog meniko, ingkang isinipun katah pigunanipun kagem kulo
mt nuwun
Okt 07, 2010 @ 16:00:52
dapur kaleresan
kulo ndamel blog meniko namung mlampah sak titahipun
lha niki sampun dangu nembe ngeblog melih
mugi-mugi poro sutresno kadang jawi mboten kesupen tumprap budayanipun