Pamrayogane Gawe Sengkalan

penataran1Tumprap wong Jawa menawa arep mangerteni angkaning taun ora mung sarana angka, nanging uga migunaake tembung kang nduweni watak wilangan kang diarani sengkalan.

Sengkalan nduweni teges etungan manut taun saka, sangkalan asale saka tembung : sa ka lan kala. Miturut etimologine sangkalan saka tembung sangkala, yaiku Saka kang ateges prabu Aji Saka lan

Kala kang ateges taun utawa wektu.Manut dongenge prabu Aji Saka teka ing tanah Jawa nalika taun 77 Masehi kanthi sengkalan “Jebug Tanpa Dalu” watak wilangan 0001 Saka. Mula antarane taun saka karo masehi kuwi kaceke 78 taun.

Perangane sengkalan ana loro, sengkalan lamba lan sengkalan memet. Sengkalan lamba yaiku mengeti angkaning taun sarana tetembungan. Tuladhane  “Mangesti Luhur Hambangun Nagara”, dene sengkalan memete yaiku mengeti taun sarana gambar, pepethan utawa bangunan. Tuladhane, ing sawijineng buku ana buta cacahe loro kuwi karepe muni ” Dwi Duta Tinata Ratu” , dwi = 2, duta = 5, tinata = 5, ratu = 1 tegese 1552 Jawa. Sing wujud pepethen, yaiku ing gamelan kraton Surakarta menggon ana gayoree ana pepethen ula naga loro adu pethit. Kwi uga mujudake sengkalan “Dwi Naga Rasa Tunggal”, dwi = 2, naga = 8, rasa = 6, tunggal = 1 tegese 1682 Jawa. Dene kang awujud bangunan yaiku ing pasareyan Mangadeg ana tugu, kuwi uga ngemu sengkalan sing karepe muni “Murub Kombol Kusumaning Bangsa”, murub = 3, kombol = 0, kusumaning = 9, bangsa = 1 tegese 1903 Jawa.

Ing jaman mbiyen sengkalan mengku teges taun saka, nanging sawise Sultan Agung Hanyakra Kusuma kersa gawe tarikh taun Jawa kang adedasar lakuning rembulan, wiwit kuwi tan saka kaganti taun jawa, yaiku nalika taun 1555 Saka. Mula wiwit nalika kuwi wong kang gawe sengkalan wis ora ngango taun saka maneh, nanging nganggo taun Jawa kang adedasar rembulan utawa candra sengkala.

Istilah candra sengkala wis ana nalika jaman Mataram islam sadurunge Sultan agung kersa nggawe tarikh taun Jawa. Istilah mau ana kitab Niti Sruti manggon pupuh dhangdhanggula pada kaya ing ngisor iki :

sarana sinilem ing jaladri

bahni mahastra candra sangkala

kalampahan pangapese

pusinge nguswa kangun

ayune kang rat den ulati

anawang bawaning liyan

nir beya tan ketung

kamtukuling peprenesan

upama anyitra panurat jari

kedah ingalem wignya

Sengkalan ing tembang ndhuwur kuwi mapan ing baris kapindho yaiku : “Bahni Maha Astra Candra” = 1513 Saka. dadi candra sangkala kuwi istilahe wis ana taun 1513 Saka. Mula taun kuwi wiwite taun Jawa, wiwit kuwi uga ana kang padha gawe sengkalan wis ora adhedhasar taun taun Saka maneh. Sengkalan kang digawe wis migunakake candra sengkala.

Sangsaya suwe candra sengkala tambah angrembaka kanggo pepengetan nganti tekane surya sengkala, yaiku sengkalan adhedhasar lakuning bumi ngubengi srengenge. Ana kang ngarani sengkalan adhedhasar taun masehi.

Nanging surya sangkala kurang luwih sabubare Indonesia mardika (1945), utawa paling tuwa sabubare paham Nasionalis ana ing bumi Indonesia (1908). Wiwit taun-taun kuwi bangsa Indonesia utamane Jawa akeh kang migunakake taun masehi.

Paugeran Gawe Sengkala :

  1. Nganggo tembung kang wis lumprah kanggo gawe sengkalan, aja nganti nganggo tembung kang angel ditegesi dening wong liya.
  2. Aja nganti nggunakake tembung-tembung sing mbingungake watak wilangane.
  3. Ukara sengkalan sing apik kuwi kang mranani surasane, lire surasane sengkalan bisa selaras karo bab sengkalan sing disengkalani. Aja nganti sengkalan kang wujud tembung-tembung sing dijejer-jejer, tuladhane : “Sirna Ilang Kretaning Bhumi” = 1400 Saka (1478 Masehi). Sengkalan ambruke kraton Majapahit.
  4. Ukara sengkalan sing mranani kuwi kang bisa ngemu kekudangan, pangarep-arep, pangalembana, pamuji, panyeda, panalangsaning manah lan sapanunggalane karo kahanan kang disengkalani. Tuladhane : “Mangesti Luhur Hambangun Nagara” = 1908 Jawa utawa 1976 Masehi.

Ora prayoga banget migunakake tembung kang mung gawe seselan ing sajroning sengkalan, yaiku tembung sing ora melu kapetung ing sengkalan. Tembung seselan kuwi marakake bingung wong kang arep negesi sengkalan, tuladhane : “Pandhita Asung Wasita Murih Trusthaning Urip” = 1977.

Pangrimbage tembung-tembung kang digawe sengkalan ana warna sepuluh, siji-sijine nganggo tembung guru. (Guru = pathokan, wewaton, paugeran)

  1. Guru dasanama, tembung kang padha tegese dianggep padha watak wilangane, tuladhane : langit karo awang-awang.
  2. Guru sastra, tembung kang tulisane padha dianggep padha watak wilangane, tuladhane : murti = awak karo murti = cecak.
  3. Guru wanda, tembung kang wandane padha dianggep padha watak wilangane, tuladhane : dadi karo waudadi = segara.
  4. Guru warga, tembung kang tunggal warga dianggep padha watak wilangane, tuladhane : baya karo tekek.
  5. Guru karya, tembung karo pakartine dianggep padha, tuladhane : mata karo mandeng.
  6. Guru sarana, tembung karo saranane dianggep padha, tuladhane : panah karo perang.
  7. Guru darwa, tembung karo maksude dianggep padha, tuladhane : geni karo benter.
  8. Guru jarwa, tembung karo maksude dianggep padha watake, tuladhane : geger karo obah
  9. Guru bawa, tembung kang tinemu nalar karo tembung liyane dianggep padha watake, tuladhane : temanten karo loro.
  10. Guru analogi, tembung panah analogi karo pedhang, tombak, keris, clurit, gobang, padha senjata landep.

Watak Kang Nduweni Watak Wilangan :

Watak 1 : Barang sing mung siji, peranganing awak sing siji, kayata surya, candra, bumi, wudel, ratu, urip, maha, buda lan sapanunggale.

Watak 2 : Barang sing cacahe loro, mata, tangan, suwiwi lan sapanunggale.

Watak 3 : Bangsane geni, panas, sorot, brama, kewan tanpa sikil.

Watak 4 : Banyu, catur, wening, segara, kali lansapanunggale.

Watak 5 : Buta, angin, pandawa, tata

Watak 6 : Bangsane rasa, obah, kayu, tawon, mangsa, nem lan sapanunggale.

Watak 7 : Gunung, pandhita, bangsane tumpakan, resi , swara lan sapanungale.

Watak 8 Kewan rumangkang, gajah, brahmana, ula, ngesti lan sapanunggale.

Watak 9 : Dewa, kembang, barang bolong, terus, mlebu, dewi, gapura lan sapanunggale.

Watak 0 : Ilang, mati, muksa, swarga, rusak, surut lan sapanunggale.

Tembung-tembung kang nduweni watak wilangan bisa mbingungake, kayadene : estri karo wanita, mulat karo uninga, marga karo dalan, mulang karo misik, gana karo gegana, nata karo tata, muni karo caturan, suta karo yoga, ati karo nala, lan liya-liyane.

  1. Estri watak 3, guru wanda karo tri tegese 3. Wanita watak 1 guru wanda karo awani tegese srengenge.
  2. Mulat watak 2, guru karya karo mata, uninga watak 3, guru dasanama karo obor.
  3. Marga watak 5, guru wanda karo margane, tegese panah. Dalam watak 9, guru jarwo karo terus.
  4. Mulang watak 7, guru karya karo pendhita. Misik watak 5, guru dasanama karo angin.
  5. Gana watak 6, guru warga karo sadpada (kewan sikil 6). Gegana watak 0, guru dasanama karo langit.
  6. Nata atak 1, guru dasanama karo ratu. Tata watak 5 , guru dasanama karo angin.
  7. Muni watak 7, guru karya karo pandhita. Caturam watak 4 guru wanda karo catur.
  8. Suta watak 1, guru dasanama karo anak. Yoga watak 4, guru jarwa karo jaman. Jaman kuwi ana 4 : kreta yoga, tirta yoga, dupara yoga, kaliyoga.
  9. ati watak 1, guru dasanama karo tyas. Nala watak 3, guru dasanama karo geni.

(Penjebar Semangat)

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: