Bathara Wisnu

wisnu

Bathara Wisnu putrane Bathara Guru kang wuragil. Makahyangan ing Uttarasagara. Bathara Wisnu uga jejuluk Bathara Suman, Bathara Kesawa, Bathara Kalasakti lan Bathara Purusottawa. Kahyangan kasinungan petamanan Sriwedhari. Ya taman iku kang dipiter dening Sukrasana menyang Negara Maespati saka panjaluke Bambang Sumantri. Marga bisa ngelih Taman Sriwedari menyang Maespati pasuwitane Sumantri marang Prabu Harjunasasrabahu ditampa maneh, sadurunge Bambang Sumantri tinundhung lunga dening Prabu Harjunasasrabahu jalaran dianggep wani nantang panguwasane.

Garwane Bathara Wisnu ana telu, yaiku Dewi Sri (Srisekar), Dewi Sripujayanti, lan Dewi Pertiwi. Klawan Dewi sri patutan putra telu ; Raden Srigati, Raden srinanda lan Dewi Srinandi. Karo Bathari Sripujayanti peputra rolas ; Heruyana, Isawa, Bisawa, Isnuputra, Madura, Madudewa, Madusasana, Dewi Srihunon, Dewi Srihuni, Pujarta, Panonbuja lan Sarwedi (manut buku Silsilah Wayang Mawa Crita). Dene klawan Dewi Pertiwi patutan putra loro ; Bambang Suteja lan Dewi Sitisendari.

Kang sinebut “Krabat Wisnu” iku ana lima yaiku Wisnukapiwara saka golongan wanara, Wisnungkara saka golongan raseksa, Wisnubadra saka golongan kewan (manuk), Wisnunjali saka golongan Pandhita lan Wisnumaya saka golongan samar ing langit.

Sanjatane Wisnu awujud cakra, awangun bunder. Ing saubenge mawa bedhor cacah wolu kang landhepe ngedap-edapi. Titihane sang Wisnu ratune manuk kang aran Brihawan. Brihawan ditrimani putri putrane Bathara Wisnu kang sesilih Dewi Kastapi lan peputra awujud antiga (endhog) kang kapundut dening Bathara Guru banjur kaparingake Dewi Ngruna lan Dewi Ngruni siji edhang. Ing pamburine, antega kang kaparingake Dewi Ngruna netes dadi Kagendra (manuk garuda) sempati lan Jenthayu. Dene antiga kang diparingake Dewi Ngruni netes dadi Naga Gumbang lan ula cilik-cilik. Mengkono yen manut pakem pedhalangan lakon Ngruna Ngruni. Nanging yen miturut pakem Mahabarata BabLXVI Sambaparwa (parwa cilik) perangane Adiparwa, Sempai lan Jenthayu iku atmajane Kagendra Aruna sing lair saka Dewi Sweni. Wondene Kagendra Aruna iku atmajane Resi Kasyapa kang patutan karo Dewi Winata.

garuda_wisnu

Kasebut ing sajroning Amurwakala, Bathara Wisnu tumurun ing ngarcapada dadi dhalang aran Kandhabuwana. Pangendhange aran Kyai Kalungkungan lan panggendere aran Nyai Saruni (salugune Bathara Naradha lan Bathara Brama padha namur laku).

Bathara Wisnu nate jumeneng ratu ing ngarcapada nganti kaping pindho, yaiku ing Nagara Medhangpura kanthi jejuluk Prabu Suman, patihe Resi Kosara lan ing Nagara Medhangkamulan ajejuluk Prabu Setmana utawa Wisnupati. Ya Prabu Setmana kang merjaya Prabu Watugunung saka Gilingwesdi sarana giniles ing kreta tinarik kuda pitu kagungane Bathara Surya sawise Prabu Watugunung kalah adu cangkriman.

Bathara Wisnu iku dewa kang seneng memayu hayuning bawana. Saben ing ngarcapada ana titah kang awatak julig, culika, murka sarta candhala kang mahanani retuning bawana utawa njalari rusaking bebrayan agung, Bathara Wisnu nuli tumurun saperlu nyirnakake titah kang awatak ngono mau.

Wis wola-wali Bathra Wisnu tumurun ing ngarcapada awujud manungsa utawa kewan saperlu tetulung rumeksa karaharjane jagad saisine. Kaya dene awujud matsya (iwak), yaiku nalika kitab suci Weda dinusta dening raseksa Hagriwa lan ginawa mlayu marang telenging samudra. Kanthi asalira matsya, Bathara Wisnu tumuli nututi Hagriwa menyang telenge samudra. Raseksa Hagriwa kasil diprajaya, ing satemah kitab suci Wedha bisa dislametake.

Awjud kurma (bulus) kang nyangga gunung Mahameru yaiku nalika para dewa ngupaya Tita Amerta sarana nglebur Samodra Puhan. Gunung sinangga dening kurma supaya ora ambles ing samodra. Awujud waraha (celeng) yaiku nalika bumi cinemplungake ing Patala dening asura Hranyaksana. Kanthi wujud waraha kasil manjing Patala saperlu ngentas lan mulihake dununge bumi kang samesthine.

Awujud narasinga (manungsa sirah singa) yaiku nalika jagad retu kerep hura huru dening panggaweyane Hiranyaksipu, asura kang luwih dening sakti mandraguna nanging duwe watak angkara murka, nganiaya lan hambeg sawenag-wenang. Amarga genturing tapabratane panyuwune Hiranyaksipu supaya ora bisa palastra dening dewa, dening kewan lan dening raseksa diparengake dening Bathara Brama. Bathara Wisnu kanthi ancas nedya nyirnaake Hiranyaksipu banjur tumurun ing ngarcapada awujud dudu dewa, dudu manungsa, dudu raseksa landudu sato kewan. Nanging setengah manungsa setengah kewan, yaiku manungsa amustaka singa kang diarani Narasinga. Wusanane Hiranyaksipu kasil kasirnakake.

Awujud Wumama (wong bajang) nalika jagad retu dening asura Bali. Wusanane asura Bali palastra dening wumama. Awujud Prabu Rama perlu nyirnakake Rahwana sawagya balane. Awujud Prabu Kresna perlu nyirnakake Prabu Duryudana sakadang Kurawane. Kang pungkasan awujud Budda, perlu mbangun agama Hindu dadi agama Budda.

(Penjebar Semangat)

2 Komentar (+add yours?)

  1. Darmanto
    Apr 29, 2009 @ 12:12:00

    Walah walah….pakeman soko ngendi iki
    Pancen isen-isen kanggo nambahi pustoko kedah di kathahi…
    Apik ….wes teruske wae…
    Ning bahasane khusus nggo wong jowo…
    Mugi dwi bahasa…nasional lan asline

    Balas

    • soero
      Apr 29, 2009 @ 14:11:31

      ngrembag bab pakem, katah ingkang sami nalingsir saking ugeran (nderek rodane jaman kadose?), Ki Manteb kaliyan oskadonipun, Sujiwo Tejo kaliyan edanipun (opo tumon lakon ringgit Pandawa tumindak culika, kurawa berbudi bawa laksana, yen mboten dalang Tejo?), Ki Joko, Ki Entus Susmono…..
      yen kula ngoten nggih tetep Ki Anom Suroto paling jos gandos…..

      wis embuh………
      he…. he…. he……

      Balas

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: