Misteri Candhi Cetha

cethaKompleks Candhi Cetha mapan ing perenge gunung Lawu mlebu tlatah kabupaten Karanganyar Jawa Tengah, dhuwure udakara 1.485 meter sandhuwure banyu segara. Trepe dumunung ing dhukuh Cetha kelurahan Gumeng kecamatan Jenawi.

Yen sinawang saka kadohan, pranyata Candi Cetha luwih endah tininbang Candhi Sukuh. Suhu udharane adem, kadhangkala lagi ngancik jam 14.00 WIB wis kesaput pedhut lan binarengan udan grimis.

Manut panaliten, anane Candhi Cetha sapisane nate dilaporake dening Van der Willes taun 1842. Wektu iku kahanan isih mosak-masik, saengga kudu digoleki juntrunge supaya katatamanut asline. Emane durung bisa ditemokake tataran lan tatanan sing jumbuh karo keasliane. Senajan mengkono candhi kuna mau entuk kawigatene para pakr purbakala, kayata WF Stuterhein, KC Crucq, NJ Krom, AJ Bernet Kempers, lan Riboet Darmosutopo. Kabeh ahli mau bisa entuk wahana kunci kanggo mbukak tabir watu-watu kuna kasebut.

Rikala taun 1928, Dinas Purbakala Pusat ngadani panaliten liwat “ekskavasi survey”, kanthi mbudidaya golek watu-watu petilasan candhi, sing direkontruksi. Wangne para aekwologi mau durung bisa mbabar tatanan watu candhi sing luwih mapan. Kabukten isih ana perangan wujud candhi sing durung bisa katemokake, mligine babagan relief.

Sabanjure ahli puebakala Van der Willes lan AJ Bernet Kempers wektu ngadani panaliten bisa nemokake kompleks candhi dumadi 13 teras. Teras mawa undhak-undhakan mau saya memburi saya duwur lan diangep saya suci. Ing saben pelataran teras digandhengake karo gapura (lawang), kanthi dalan setapak tumuju papan suci.

satleraman kaya-kaya undhak-undhakan mau misahake plataran teras dadi loro. Gambaran iki mujudake susunan candhi utawa bangunan nduweni ciri khas kang spesifik lan ora ditemokake ing kompleks candhi liya ing Jawa Tengah. Uga ditemokake reca-reca sing ngambarake wujude prasaja, tangan lelorone dipapanake ing ngarep weteng utawa dhadha.

Lendhesan Wangsit

Miturut KC Crucq, Candhi Cetha kang nengenake bentuk sederhana, uga ana gegayutan anane pundhen ing wewengkon Bada ing Sulawesi Tengah. Kajaba iku uga rinengga relief-relief kang nggambarake adegan utawa crita. Crita Sudahmala kang mbabar kewan kadhal, bulus, welut, yuyu, kodok lan sapanunggale. Tetela prasasti candhi lumaku ing taun 1373 Saka utawa 1451 Masehi. Relief sing dipajang nggambarake figur kewan mau asale saka abad 15 (Kraton Majapahit Pungkasan.

Jroning panaliten dinuga madege candhi mau saka prentule paraga kawula alit kang kepingin merdika saka kungkungan agama Hindhu. Gegandhengan karo gaweyane wong cilik, wujud bangunan katon kasar lan ora endah. Para pakar purbakala bangsa Walanda padha gela dene candhi kok wis dipugar nanging ora manut tatanan arkeologi wektu ngadani panaliten sadurunge. Malah ana sing kandha Candhi Cetha dipugar dening para penganut saweneh kapercayan kanthi landesan wangsit. Mulane kang isih katon asline perangan plataran ngarep.

Ing plataran tinemu wewangunan bulus raseksa kang mawa swiwi. Rinangken watu segitiga sing perangan pucuk rupa “planangan” (lingga realitis), adu arep karo pawadonan (yoni) kaya kang tinemu ing Candhi Sukuh. Para pengunjung cetha21bisa ngliwati wewujudan mau kanthi setha. Tinemu uga bale pertemuan lan papan kanggo semedi. Papan pungkasan awujud candhi induk pernahe ing dhuwur dhewe, minangka fokuse kapercayan utawa pepundene sakawit.

Wewujudan lingga lan yoni sing digawe mlaha mau nuduhake yen papan mau dadi punjering lambang sangkan paraning dumadi manungsa lan alam semesta. Para pakar arkeologi uga ngrangkum pratelan sing isine magepokan karo kapiandelan marang lambang lingga lan yoni (pamujan Maithuna). Kapercayan mau wis ana wiwit jaman manunggale kabudayan Arya lan Dravida, taun 1009 SM. Sanggar pamujan Maithuna iku dianggep lambang manunggaling lingga lan yoni kawin utawa jodho), kanggo tolak balak, nambah kekuatan magis lan sampurnaning urip.

Golek Jodho

Kanthi dhasar mau, ora aneh yenta akeh para pengunjung padha ngalap berkah golek panyuwunan, ora liya kanggo golek jodho. Trep karo manungaling lingga lan yoni, ing pamujan katon para pengunjung padha semedi. Sadurunge nindakake semedi luwih disik ngadep watu planangan nuli nyebar kembang setaman lan uba rampe liyane. Bubar kuwi lagi tumuju bangsal semedi kanthi maca rapal utawa panyuwunan.

Sadurunge nyekar ing pundhen awake kudu resik, lire kudu sesuci adus kramas sadurunge. Kejaba kembang setaman, uga dirangkeni lenga wangi minangka lakuning panyuwunan. Sing luwih penting kudu madhep mantep lan percaya.

Magepokan karo syarat sing kudu ditindakake, kudu jumbuh karo panyuwunan, cukup nyekar kaping telu. Tumprap kenya kang isih legan, anggone ngalap berkah golek jodho ana walere yaiku ora ngepasi nggarapsari lan ora kena nganggo sarwa abang.

(Penjebar Semangat)

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: