Ajisaka

Duk ing nguni, ing Pulo Majethi ana satriya kang bagus rupané kang sesilih Ajisaka. Kajaba bagus lan sekti mandraguna, Ajisaka uga wicaksana. Sang Sinatriya kagungan punggawa loro cacahé, Dora lan Sembada arané. Punggawa loro mau banget setyané marang pepundhèné, babar pisan ora tau nglirwakké apa kang dadi dhawuhé bendarané. Ing sawijining dina, Ajisaka arsa tindak lelana ninggalaké Pulo Majethi. Tindaké nganthi punggawané kang aran Dora. Déné Sembada ditinggal ana Pulo Majethi, kautus njaga pusaka piyandelé. Sang Sinatriya wanti-wanti menawa Sembada ora dikeparengaké masarahaké pusaka mau marang sapa waé kajaba marang dirining pribadhi. Sembada ngèstokaké dawuh.

Ganti carita, duk rikala semana ing  tanah Jawa ana negara kang misuwur gemah ripah loh jinawi tata tentrem karta raharja, kang aran Medhangkamulan.Ratuné ajejuluk Prabu Déwatacengkar, sawijining ratu kang luhur bebudèné lan wicaksana. Sawijining dina, juru masak keraton ngalami kacilakan, drijiné kepapras lading nganti tugel. Ki Juru Masak ora nglegéwa menawa tugelan drijiné nyemplung ana daharan kang kacawisaké ing ngarsané Sang Prabu. Nalika ora sengaja ndhahar tugelan driji mau, Sang Prabu rumangsa ndhahar daging kang énak banget rasané, banjur ngutus patihé ndangu Ki Juru Masak. Sawisé ngerti yèn sing didhahar mau daging menungsa, Sang Prabu banjur ngutus Sang Patih supaya saben ndina ngaturaké salah siji rakyaté kanggo daharané.

Wiwit kedadéyan kuwi Prabu Déwatacengkar duwé kekareman kang banget nggegirisi, yakuwi ndhahar daging menungsa. Wewatekané malik grémbyang, malih dadi  wengis lan seneng tumindak deksura. Negara Medhangkamulan malih dadi wewengkon kang wingit lan sepi awit kawulané siji mbaka siji kamangsa dèning ratuné, sisané mlayu mburu slamet. Sang Patih judeg pikiré awit wis ora ana manèh kawula kang bisa kacaosaké marang ratuné. Ganti carita, duk rikala semana ing  tanah Jawa ana negara kang misuwur gemah ripah loh jinawi tata tentrem karta raharja, kang aran Medhangkamulan.Ratuné ajejuluk Prabu Déwatacengkar, sawijining ratu kang luhur bebudèné lan wicaksana.

Sawijining dina, juru masak keraton ngalami kacilakan, drijiné kepapras lading nganti tugel. Ki Juru Masak ora nglegéwa menawa tugelan drijiné nyemplung ana daharan kang kacawisaké ing ngarsané Sang Prabu. Nalika ora sengaja ndhahar tugelan driji mau, Sang Prabu rumangsa ndhahar daging kang énak banget rasané, banjur ngutus patihé ndangu Ki Juru Masak. Sawisé ngerti yèn sing didhahar mau daging menungsa, Sang Prabu banjur ngutus Sang Patih supaya saben ndina ngaturaké salah siji rakyaté kanggo daharané. Wiwit kedadéyan kuwi Prabu Déwatacengkar duwé kekareman kang banget nggegirisi, yakuwi ndhahar daging menungsa. Wewatekané malik grémbyang, malih dadi  wengis lan seneng tumindak deksura. Negara Medhangkamulan malih dadi wewengkon kang wingit lan sepi awit kawulané siji mbaka siji kamangsa dèning ratuné, sisané mlayu mburu slamet. Sang Patih judeg pikiré awit wis ora ana manèh kawula kang bisa kacaosaké marang ratuné.

Ing wektu kuwi, Ajisaka klawan punggawané, Dora, tumeka ing Medhangkamulan. Gumun penggalihé Sang Sinatriya mirsani kahanan kang sepi lan tintrim banjur golèk sisik melik. Sawisé éntuk katrangan ngenani apa kang nembé dumadi ing Medhangkamulan, Ajisaka banjur sowan ing ngarsané Rekyana Patih, ngaturaké kasaguhané dadi dhaharané Prabu Déwatacengkar. Wiwitané Sang Patih ora nglilani awit ngéman Ajisaka kang bagus rupané tur isih mudha, nanging Ajisaka wus gilig tékadé mula banjur kelakon kairid séba ing ngarsané Sang Prabu. Sang Prabu gumun banget penggalihe merga ana wong bagus lan isih anom teka ndadak masrahké jiwa ragané nedha kamangsa. Ajisaka nuli matur yèn piyambaké lila legawa kamangsa dèning Sang Prabu sauger kaparingan tanah jembaré saukuran iket sing kaagem.

Kejaba kuwi, kudu sang Prabu dhéwé kang ngukur wewengkon kang bakal kaparingaké kuwi. Sang Prabu nayogyani panuwuné. Ajisaka nuli ngaturi Sang Prabu ndudut pucuking iket. Eloking lelakon, iket mau kaya ora entèk-entèk kalukar. Sang Prabu Déwatacengkar kepeksa saya mundur saya mundur, wusanané tumekaning pinggiring segara kidul. Iket nuli kakipataké dèning Ajisaka saéngga Sang Prabu kontal nyemplung segara. Sanalika wewujudané malih dadi bajul putih. Ajisaka nuli jumeneng ratu ing Medhangkamulan.

Sawisé winisuda dadi Ratu Medhangkamulan, Ajisaka utusan Dora supaya bali menyang Pulo Majethi njupuk pusaka kang kajaga dèning Sembada. Satekané ing Pulo Majethi, Dora nemoni Sembada lan mrathelakaké yèn kautus njupuk pusakané Ajisaka. Sembada ora gelem ngulungaké amarga ngugemi dhawuhé Ajisaka nalika ninggalaké Pulo Majethi. Sembada kang uga ngugemi dawuhé Sang Prabu meksa njaluk supaya pusaka kaulungaké. Pungkasané punggawa loro mau banjur pancakara. Amarga padha digdayané, paprangan lumaku ramé, silih ungkih genti kalindhih, nganti loro-loroné mati sampyuh.

Kabar pralayané Dora lan Sembada kepireng dèning Sang Prabu Ajisaka. Getun banget penggalihé sang Prabu ngelingi kasetyané punggawa kinasihé. Rasa sungkawané anjalari sang Prabu ngripta aksara minangka pepéling marang paraga kinasihé, kang uniné mangkéné:

carakan

2 Komentar (+add yours?)

  1. madagumilang
    Apr 28, 2009 @ 11:41:51

    crita iki wis akeh sing lali
    saliyane durung weruh
    pramila sae sanget kagem nemneman lan para sepuh ugi

    Balas

  2. pariaborjuis
    Jul 25, 2009 @ 17:14:48

    terima kasih buat ajisaka yang telah mbabat alas tanah jawa untuk pertama kalinya….

    Balas

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: