Serat Cemporet (Perangan 1 – 2)

(Perangan I)

Cariyos nagari Purwacarita minangka tepa tuladha

Serat Cemporet anggitanipun RNg Ranggawarsita saking dhawuh dalem Sinuhun Pakubuwana IX. Wonten ing dhudhahan buku punika, ingkang kangge landhesan inggih punika buku Serat Cemporet weton Balai Pustaka taun 1987.

Alih aksara lan jarwan dening Sudibjo Z Hadisutjipto. Ing buku punika Serat Cemporet mujudaken asil alih aksara ing aksara Latin, dene basanipun basa Indonesia tuwin basa Jawi.

Serat asil karyanipun “pujangga Jawi pungkasan” punika nate dados pirembagan mirunggan dening swargi Prof Dr RNg Purbacaraka. Ing buku anggitanipun, Kepustakaan Jawa, Purbacaraka ngandharaken bilih serat punika inggil sanget tata basanipun. Cariyos ingkang dipunbabar narik kawigaten lan saget damel ngungunipun ingkang maos.

Ananging, Purbacaraka ugi nyaruwe serat punika. Panyaruwenipun inggih amargi tata basanipun ingkang kalebet inggil punika. Kamangka ing salebeting serat punika kathah andharan cariyos ingkang paraganipun warga karang pradesan, warga trah pidak pedarakan, ingkang adhakan nalika gineman ing padintenan mboten ngginakaken tata basa kados ingkang kaserat ing serat punika.

Para paraga ingkang kapacak ing serat ingkang kaserat ing tetembangan macapat, kaperang dados 32 pupuh, nglimputi para manungsa, sato kewan, para dewa tuwin maneka warna titah alus ingkang sadaya wau srawung lan sapatemon antawis satunggal lan satunggalipun ing rerangkening cariyos ingkang dipunbabar.

Serat Cemporet kawiwitan kanthi pupuh Dhandhanggula, 54 pada, ngemot babaran cariyos ingkang saget dados tepa tuladha ing bab ngudi karahayon lan pepenget supados mboten kablusuk ing asoring budi. Dene cariyos ingkang dipunkajengaken inggih punika bab pungkasan ing Pustaka Rajawedha, inggih punika lelampahanipun nagari Purwacarita.

Nagari Purwacarita kondhang minangka nagari ingkang aman, tentrem, karta raharja, awit saking pangaribawanipun Sang Nata ingkang jejuluk Sri Mahapunggung. Sang Nata wau sanget ngugemi darma, pinunjul ing saliring pangawikan. Kawitanipun, Raja Suwelacala ing Purwacarita, peputra cacah nenem. Sadaya sami kalimputan kapinunjulan ing sawenehing pangawikan. Wonten ingkang pinunjul ing tetaten, dedagangan, mbebedhag ing wana lan sapanunggalanipun.

Salajengipun, putra ingkang wuragil, Jaka Kanduyu, sinengkakaken ngaluhur nglenggahi dhampar keprabon ing Purwacarita. Jaka Kanduyu punika ingkang salajengipun jejuluk Sri Mahapunggung. Kiyambakipun nampi kanugrahaning Hyang Hutipati saengga tansah ngugemi kawicaksanan ingkang sampurna.

Sastra wedhar

Salajengipun Sang Prabu Manuhun ing Bagelen, inggih punika kakangkipun Sri Mahapunggung, nandhang sungkawa amargi peputra kalih ingkang kekalihipun nandhang cacat. Ingkang setunggal cebol, setunggalipun wujil. Ingkang cebol asma Raden Jaka Pratana, ingkang wujil asma Raden Jaka Sangara.

Saking genturipun memuji lan ndedonga, Sang Nata wau pikantuk sasmitaning jawata supados manggihi satunggaling buyut ingkang dedunung ing Sendhangkulon. Buyut punika asma Samalangu, putranipun Buyut Salinga, putunipun wiku sekti ingkang asma Resi Samahita.

Ki Buyut pikantuk sasmita saking sisihanipun, jin wanita ingkang asma Dyah Ratna Sriwulan, ing kabuyutan badhe karawuhan nata ing Bagelen. Sasampunipun mangertos werdinipun rawuhipun Sang Nata, Samalangu lajeng nyumadhiyakaken pitung lembar ron tal werni jene ingkang dipunwadhahi kothak alit lan dipuntutup.

Salajengipun Sang Nata mundhut sastra wedhar tanpa aksara. Milih sakajengipun. Sasampunipun sastra wedhar kapundhut, dipuntiti priksa, wonten seratan ingkang ungelipun he ta kita nata den apti, amet Srini Sarana, mangka pager ayu. Sang Nata lajeng mundhut ron tal malih. Ambal kaping tiga, seratanipun sami.

Saking bingungipun mboten saget njarwakaken sasmita punika, Sang Nata lajeng mindeng dhateng putranipun Ki Buyut, inggih Srini, ingkang mbarep, lan Sarana adhinipun. Miterat Sang Nata, Srini kabiji mumpuni anjagi isining kedhaton, dene Sarana kabiji mumpuni anjagi krajan.

(Perangan II)

Cariyos roman ing gangsal tlatah krajan

Satunggaling panaliti sastra Jawa saking nagari Jepang, Toyoda Kazunori, mbiji menawi Serat Cemporet mujudaken karya sastra cakrik roman karyanipun RNg Ranggawarsita.

Ananging, roman punika kaserat ing cakepan tembang macapat, ingkang katelah minangka geguritan tradhisional Jawi.

Serat Cemporet dipunserat ndalem taun 1870 M utawi taun Jawi 1799. Karya sastra punika, miterat Toyoda ing andharan tinulisipun asesirah Serat Cemporet, A Pujangga Ranggawarsita Romance ingkang nate dipunbabar ing Fakultas Ilmu Budaya UGM Yogyakarta, sawetawis wekdal kapengker, dipunserat awit dhawuh dalem Sinuhun Pakubuwana IX (1862-1893).

Manuskrip Serat Cemporet dipunsimpen lan dipunrumat wonten ing kapustakan Karaton Kasunanan Surakarta lan kapustakan Reksapustaka Pura Mangkunagaran. Naskah Serat Cemporet dipunbabar kangge bebrayan umum ndalem taun 1896 lan ndalem taun 1921.

Wonten ing serat punika, panganggitipun, inggih RNg Ranggawarsita, ngginakaken sawenehing tetembungan tuwin ukara ingkang kalebet ing tetembungan tuwin ukara Jawi klasik. Kados kawitan cariyos ing Serat Cemporet ingkang dipunbabar wonten ing dhudhahan buku minggu kapengker, cariyos ing serat punika lataripun jaman krajan Jawi, inggih punika krajan Purwacarita, ndalem abad XI Masehi, utawi jaman Jawi-Hindhu.

Ing Serat Cemporet, underanipun cariyos inggih kedadosan wonten ing gangsal krajan, antawisipun inggih punika Pagelen, Jepara lan Prambanan, tuwin punjering krajan, inggih punika Purwacarita.

Menawi dipuntandhingaken kaliyan cariyos Tantu Panggelaran saha Babad Tanah Jawi, wonten bab-bab ingkang memper. Kadosdene cakepan tembang macapat minangka sarana panyeratipun ingkang kondhang minangka sarana tumrap tiyang Jawi kangge nglairaken pikiranipun saha raosing manah.

Paraga kakung ingkang menjila ing Serat Cemporet inggih punika Pangeran Pramana saking Krajan Pagelen. Dene paraga putri ingkang menjila inggih punika Dewi Suretna saking Krajan Jepara.

Sasampunipun mbabar cariyos bab lelampahanipun Sang Nata ing nagari Purwacarita, inggih Sinuhun Sri Mahapunggung tuwin Sang Nata ing Pagelen, inggih Sri Manuhun, ugi dipuncariyosaken lelampahanipun Raja Sri Sadana ing krajan Jepara ingkang kagungan prameswari asma Dewi Rajataadi. Sri Sadana lan Dewi Rajataadi nurunaken putra asma Raden Jaka Sudana, Raden Jaka Barana, Raden Jaka Suwarna, Raden Narayana lan Dewi Suretna.

Dewi Suretna punika gadhah watak remen peparing dhateng sinten kemawon. Bab punika ndadosaken murinanipun ingkang rama amargi tansah nelasaken sepinten kemawon arta tuwin raja brana gadhahanipun. Lan amargi watakipun ingkang remen peparing punika, lajeng dipunparingi asma Kusuma Rara Artati. Ancasipun supados saget ngendhaleni watak remen peparing punika.

Ananging, ingkang putri mboten saget mareni watakipun ingkang gampil nelasaken raja brana lan arta kangge peparing punika. Bab punika inggih amargi watakipun ingkang loma lan sanget sih dhateng sinten kemawon ingkang kesrakat. Cariyos dipunlajengaken kahanan ing krajan Prambanan. Sang Nata ing Prambanan, Sri Kala, lan prameswarinipun, Dewi Jempina, nurunaken sekawan putra.

Para putra Nata ing Prambanan punika, Dewi Karagam, Dewi Jonggrangan, kekalihipun kados kembar, Raden Jaka Sangkala tuwin Raden Jaka Pramada. Salajengipun ugi dipuncariyosaken kahanan ing krajan Pagebangan ingkang dipunprentah dening Raja Sri Malaras, asma timuripun Raden Tunggulametung.

Sri Malaras dalah prameswarinipun, Ken Kadresan, nurunaken putra kalih. Kekalihipun inggih punika Raden Jaka Suwarda tuwin Raden Jaka Pamekas.

3 Komentar (+add yours?)

  1. kolomkiri
    Apr 18, 2010 @ 01:50:12

    waduh g ngerti artine maz

    Balas

    • soero
      Apr 18, 2010 @ 11:57:14

      sejatine pangerten bisa kanthi sinau
      lan gelem ndudah anane budaya Jawa kang kasingkirake dening para taruna muda ing jaman iki

      sinau setitik mboko sitik, alon-alon waton kelakon

      Balas

  2. kolomkiri
    Apr 20, 2010 @ 19:43:17

    wah dadi penegn sinau bhs jowo neh mz…hee…

    Balas

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: